mouse in the house, Basa JawaOctober 27, 2008 10:08 am

Dolan kaliyan tiyang ingkang ‘ngganteng’ punika kinten-kinten sekeca punapa boten, nggih?

Criyosipun mekaten:

Kala dinten Jumat dalu ingkang kepengker, kula dipunajak kaliyan rencang kula dolan dhumateng griyanipun.  Kok kebeneran kula ugi boten wonten acara.  Sanjangipun, wonten dalemipun wonten "pesta", lan piyambakipun kirang ‘pede’ mekaten menawi clingak-clinguk piyambakan, wah…la radi aneh… hehehehe… Lha wong pesta wonten dalemipun piyambak kok ngagem lingsem.  Nanging mbok menawi piyambakipun radi lingsem amargi ingkang nganaaken pesta punika lare ‘alit-alit’…alias mahasiswa undergrad (menawi wonten Indonesia nggih kados S1 mekaten…), lha menawi rencang kula rak sampun mahasiswa master mekaten, dados kuwatos menawi boten sambung obrolanipun.

Lha menawi panjenengan mbatos, "lha berarti kowe mung tumbal," hehehehehe…boten satus persen klentu, nanging boten punapa-punapa, amargi larenipun sae sanget, lan kula ugi penasaran dhumateng griyanipun lan lare-lare undergrad wonten mriki.

Wonten dalemipun nggih biasa kemawon.  Pestanipun boten ingkang ‘edan-edanan’ mekaten, boten kados wonten film-film Hollywood ;p (nanging wonten lho, ingkang pestanipun memper kaliyan film-film punika…).  Nanging kita ngobrol teras, ngobrolaken werna-werna, saking Indonesia, pacar ;p , kuliah, politik, pemilu amerika, perang….(halah….!!).

Rumaos kula kok sami kemawon kaliyan pesta biasa…  emoticon

Nanging ingkang benten setunggal.  Mak bedunduk ngertos-ngertos wonten tiyang putri, ayu sanget.  Ngagem kaos you-can-see werna pink, rambutipun blond, pasuryanipun kencling-cling-cling…. nyelaki rencang kula.  Lajeng ‘eye-contact’ kelas berat, lan langsung ‘flirting’…hahahahaha….. Lha kula sajak langsung ‘menguap’ mekaten, emoticon dados transparant sak kal.  Ketingal sanget menawi lare punika sajak ketarik marang rencang kula. Lajeng basa-basi, kenalan mekaten, lajeng tanglet-tanglet bab kuliahipun rencang kula.  Kadosipun tiyang putri punika radi kaget nalika mireng rencang kula nembe mundut master.  Pitakonipun…. "Mmmm…..so…..you are……(very long pause….) older?"

Kula badhe ngguyu kepingkel-pingkel kok boten tegel.  Ethok-ethok ngombe kemawon, kok nggih kebeneran boten ngagem keselek, wong sinambi ngampet ngguyu.   Bareng larenipun sampun mingser, rencang kula sajak kirang kepenak dhumateng kula.  Kula lajeng sanjang kemawon, "Wah, Mas, mesthi bangga ki… ning kene kebak cowok, sing langsung diparani njenengan, je…mesthine njenengan ketok ‘cool’…hehehehe".  Dadine malah gojekan dhewe. 

Sakwengi punika, tiyang putri punika panci wonten kathah rencang kakungipun, nanging bola-bali kula nangkep lirak-lirik kaliyan rencang kula (she must have hated me so much because he kept talking to me…emoticon).  Taksih wonten sepindah punapa kaping kalih piyambakipun sliwar-sliwer lan nyobi omongan kaliyan rencang kula.  Walah….walah…..

Tujokna sanes pacar kula… hehehehe.  Kendel sanget, lan langsungan mekaten.  Boten ngagem basa-basi, kados-kados rencang kula punika piyambakan kemawon….wis jan, cah cilik.  La menawi kebeneran rencang kula kaliyan pacaripun lan pacaripun galak….la rak inggih saged perang dunia mekaten… 

Repot yo, Mas, dadi wong ngganteng….? 

Dedicated to a friend of mine, if you read this article, I bet you know who you are emoticon 

Photobucket

 

Rencang-rencang saking Loenpia.net:

1.http://blog.budiyono.net/2008/10/27/sejarah-boku-baka-blog-yang-nggak-penting/
2.http://alifurrahman.blogspot.com/2008/10/sumpah-pemuda-masihkah-ada-kini.html
3. http://monstress-idu.com/blog/?p=112 10. http://wiwikwae.blogspot.com/2008/10/sehari-setelah-hari-jumat.html 18.http://noteof-life.blogspot.com/2008/10/happy-blog-day.html
fragments of life, Basa JawaOctober 5, 2008 11:02 pm

urip ana negara liya mesthine pancen beda.  nanging mesthine nek nganggo internet yo podo bae to, iya ora?  apa maneh alamat-alamat e-mail gratisan ki pancen akeh sing asale saka negara liya, dadi yo malah bisa nganggo ‘layanan internet’ ning negara asale.

nanging jebule, akeh pakulinan sing kudu malih ana kene.  pancen pakulinane yo mung pakulinan cilik-cilik.  contone, mbiyen sing pertama takbukak nek sambung internet yo e-mail.  paling-paling niliki blog utawa facebook. saiki saben esuk mbukak komputer, njur apa sing dibukak paling dhisik?

"Prakiraan Cuaca"

lho kok?

sebabe ning Ann Arbor kene hawane cepet banget malihe.  apa maneh wis mlebu ‘musim gugur’ kaya saiki.  esuk-esuk metu seka omah isih padhang njinggrang, ngerti-ngerti jam rolas udan bres lan angine semribit.  kiraku sing paling medeni ki anginne.  sakjane hawane durung patio adem, nanging angine…hiiii…. uadem.  dadi nek jaketan biasa, mlaku bae ora patio krasa, nanging banjur ngadeg sedhelok ngenteni bis…hiii…lagi krasa ademe.  dadi lagi saiki aku mudheng bedane ‘jaket’ karo ‘windbreaker’.  nek hawa kaya saiki, sing penting jane dudu angete ning sing penting nek kanginan ora tembus tekan njero (sing jenenge windbreaker ki tipis-tipis kaya rak mbejaji ngono lho bentuke…).

ning yo isa uga, esuk-esuk metu ketoke biasa wae, angin sithik, jebule ngenteni rong jam wis puanas, padahal wis kadung nganggo jaket dobel-dobel.  lak repot nek wis ngono, arep diuculi yo repot nggawane emoticon

 

saiki yen metu saka omah aku dadi sangu jaket fleece utawa sweater karo scarf (nek aku muni ’slendang’ mengko dikiro arep kondangan, nari utawa dodol jamu…emoticon), utawa yen ketoke angine semribit banget, yo nganggo windbreaker sisan.  sing cetha, sepaton terus, sandalku wis ora tau metu omah (aku tau bengi-bengi ning ATM karo toko, mung 5 menit mlaku seka omah, nganggo sandal, dilokke karo sing jaga toko, jarene ndak drijiku ora beku, hehehehe).

yo wis ah, aku pamit dhisik.  arep njupuk kumbahan sing wis mubeng-mubeng meh sakjam ning njero mesin.  waduh, aku isih duwe koin ora ya…

kepareng rumiyin, nggih…

Ann Arbor, September 5, 2008 

fragments of life, di sini senang di sana senang, Basa Jawa, Bahasa IndonesiaSeptember 8, 2008 4:30 am

Akhirnya, aku sampai juga di Ann Arbor, negara bagian Michigan, Amerika Serikat.  Perjalanan yang sangat panjang…. Dimulai tanggal 23 Agt 2008, sudah hampir tengah malam waktu pesawatku terbang menuju Singapura.  Sampai di Singapura, lihat 2 postingan sebelum yang ini ya, hehehehe.

Dari Singapuran subuh-subuh (waktu sana), berangkat ke Narita, Jepang, transit 2 jam-an, terus berangkat lagi ke San Fransisco.  Sampai San Fransisco hari Minggu, 24 Agt 2008, jam 10 kurang 5 menit. Aku bertambah muda setengah hari deh, dalam perjalanan ini.

Photobucket

Di bandara San Fransisco, aku dan dua teman dari Indonesia, plus satu temen dari Filipina yang ternyata satu pesawat dari Jepang, dijemput oleh Language Center Stanford University pake….LIMOUSINE!! Halah, kami semua jadi rada katrok, karena saking gumun…lha kok bisa-bisanya naik limo kayak di film-film itu, hehehe. Tapi kasian juga, mobil keren gitu tapi bagasinya sampe nggak bisa ditutup karena koper 4 orang cewek yang super guedhe-guedhe…sampe dipasangi sabuk khusus, dan bagasinya terbuka gitu sepanjang jalan.

Kami naik limo sampai ke Casa Italiana, di kompleks kampus Stanford yang legendaris.  Di sanalah kami akan ikut orientasi selama 3 hari (diitung 4 hari termasuk cek in dan cek out).  Seru juga.  Bisa jalan-jalan keliling kampus Stanford, yang bangunannya keren-keren.  Aku sekamar dengan Nur, dari Turki, yang cantik dan seksi.

Hari Kamis siang, aku berangkat lagi ke bandara San Fransisco, untuk terbang ke Detroit.  Kalau ga salah sih terbang sekitar 2 jam-an, aku ga begitu mudeng karena aku tidur….hehehehe.  Sampai di Detroit, udah dijemput juga, tapi kali ini sedan aja, hehehe…jadi ga over acting lagi dah…  Tapi tetep aja bingung, karena perbedaan waktu antara San Fransisco dengan Detroit ternyata 3 jam…

Wis jan, jet lag berlapis-lapis deh. Dari Indonesia sudah terlanjur menyesuaikan sama jam San Fransisco, eh, sampai Detroit, terus lanjut ke Ann Arbor, udah beda lagi.  Jadilah malam itu, jam 2 pagi aku masih melek abis…karena jam 2 pagi waktu Ann Arbor berarti jam 11 malam waktu San Fransisco (yang biasanya masih pada online atau ngobrol), dan jam 1 siang Waktu Indonesia Bagian Barat. Halah….

Dimulailah perjalanan panjang ngurus administrasi…. Wis, sekian dulu ya… Ntar tak sambung lagi dengan detil-detil ‘menegangkan’, heheheheh…

Ann Arbor, Minggu, 7 Sept 2008, jam 17.30 (Senin, jam 04.30 pagi WIB)

Perjalanan dalam foto lihat di sini ya….

Di sini juga ada…..

fragments of life, English, Basa JawaJuly 24, 2008 12:13 am

I guess you are not too familiar with the name ‘Baruklinthing"…. and I guess, even many Javanese nowadays will not recall the name so quickly.  But it was that very name which shot through my mind as the airport pick-up car went down the congested road of Surabaya-Malang, right next to the dike of the Sidoarjo mud flow…

If you are familiar with the legend of the creation of Rawa Pening, Central Java, the connection is understandably apparent.  But then again, I guess most of you are not familiar with it.  So I guess I’d better start by retelling the story, of course, only as far as I remember it to be… (in case there are correction, please don’t hesitate…)

—— 

Once upon a time, a time when there were Gods and Godesses, Princes and Princesses, on the island of Java…  a mighty knight was meditating for many many many years.  He was so mighty he could turn himself into any shape and form, and he was meditating in the form of a giant snake.  The snake went round a giant tree, and had been there for so long that moss had started to cover all of its surfaces.

One day, a neighbouring village organized a communal work, a ‘kerja bakti’, in the forest.  And one weary villager sat beneath a tree and stabed his dagger into what he thought were its roots.  Much to his surprise, blood started oozing out. Everybody instantly gathered around the man, and after thorough inspection, they found out that the whole thing was a giant snake.  Afraid that the snake might cause harm to the village, the villagers slaughtered it and brought it back to their village.

Once there, the meat of the snake was made into ’sate’… (you know ’sate’?  you know, these meat pieces put on a bamboo skewer and grilled on charcoal fire….really exquisite, by the way… emoticon), and the whole village was feasting.  One dirty looking boy strolled into the village and tried to ask for some ’sate’.  But nobody gave him any, they laughed at him and pushed him away instead. 

He kept asking until he reached the end of the village, where a poor old widow gave him a skewer.  He told her that his name was Baruklinthing, and that she should do exactly as he said.  He told her to prepare an ‘lumpang’ and an ‘enthong’  (jeez, this part will be hard to translate…. will try later….).  And then he set out to return to the village.

At the center of the village, he took a piece of used bamboo skewer, and pierced it down into the earth.  He then challenged everyone topull the skewer out of the earth.  Everbody bursted into laughter. Children started trying, but none succeed.  Then adults began trying, to no avail.  After each and every single one of the villagers tried their luck… the child stepped forward, and said, "I am Baruklinthing, and I am the spirit of the snake you had just killed and ate, you ruthless people.  Though I had done nothing to harm you and your children, you just killed me and then you had the guts to eat my body.  For this, you will all be punished," and he pulled the skewer out…

And out of the hole came water……and water….and more water…..  And the water kept coming and coming, until the whole village was submerged completely.  And thus, Rawa Pening came into being.  Legend has it that the lake is full of snails, which were the incarnation of the ruthless villagers.  None survived, none except of the poor old widow, who prepared her ‘lumpang’, float on it, and rowed with her ‘enthong’.

Host unlimited photos at slide.com for FREE!

 Rawa Pening from a hill-top

——- 

Hm.. I was somehow reminded of the legend, as I was gazing to the smoke still bellowing from the point where the mud had come out… well, actually, has been coming out… every single day… for the last 2 years…  Somehow… a ‘Baruklinthing’ punched a hole in the ground, and mud keeps coming…and coming…and coming…

PS: It did help boosting my memory when not even a week later, I saw on TV that a 15 metre tall fountain came into existence outside somebody’s backyard, right at one of the kampongs I had passed on my way down to my birthday in Malang… 

East Java, July 12, 2008 - Central Java, July 24, 2008.   

mouse in the house, Basa JawaJuly 4, 2008 1:30 pm

ing sakwijining dina, aku karo kancaku mlaku-mlaku ning Salatiga.

ana kompleks pertokoan sing diarani "Malioboro Mini", hehehehe. sak jane lucu, wong aku wis suwi manggon ning Jogja, ning kethoke yo ora mirip.  sebabe diarani Malioboro Mini ki amarga nek bengi emperan tokone digawe lesehan, dodolan ronde, jagung bakar, sega goreng, karo lawuh-lawuhan ngono.  salah sijine, ana gelaran sing masang spanduk "Gemak Goreng".

la, kancaku kuwi banjur takon aku, "Eh, gemak ki sing kaya apa to? Ndak kaya dara?" Aku banjur mangsuli, "Dudu.  Kuwi rada luwih gede timbangane dara, ning yo cilik-cilik ngono nek ditanding karo pitik." Photobucket

wis rampung mlaku-mlaku, jebule kancaku kuwi isih penasaran.  banjur arep tuku.  yo wis, sisan dienggo mangan bengi, tuku telung iji.  bareng tekan omah, langsung dibukak terus diserbu, la wong pancen wis luwe…  

banjur aku takon kancaku, "Wis ngerti sing jenenge gemak, saiki?"

wangsulane,"He eh, ning kok mirip karo puyuh yo gedene?"

langsung aku karo bapakku ngguyu kemekelen…. "O alah Jeng, gemak ki yo puyuh kuwi…. mosok pas cilikan kowe ora tau mangan endog gemak?  La kuwi endog cilik-cilik kuwi lho, endog puyuh…" 

Gemak…oh gemak……..

*gemak tanpa screen shot adalah hoax, maka nikmatilah gemak mekingking ala Salatiga….* 

 
tapi amarga wong Semarang ki panganane ngeri-ngeri, yo wajar yen ora mudeng ‘gemak’ ki apa… bayangke, mosok menungsa kok mangan "BADAK", hehehehehehehehehe….. 

fragments of life, Basa JawaMarch 24, 2008 4:37 pm

wah, saiki kabeh-kabeh ngomongke "Ayat-Ayat Cinta"…. seko milist, blog, nganti bandara…

lho…la kok?

sak jane aku pancen penasaran karo film-e.  seko iklan sing ning endi-endi ning TV, rak kethok wonge do mlaku-mlaku ning padang pasir, jarene le syuting ning India barang, wah mestine apik ki.  ning pancen luwih seko kuwi aku ora penasaran, soale arep po nonton ping selikur buntet, aku yo ora bakalan mudeng karo critane, wong aku ki ora mudeng sing jenenge poligami. 

eh, la kok ngerti-ngerti aku malah ditakoni karo konco kantor.  ndilalahe kepethuk ning bandara Jakarta wingi sore, pas arep mangkat ning BA.  mbuh saka ngendi, kok ngerti-ngerti dheweke takon, "Wis nonton AAC?"

"Durung," wangsulanku.

"Wah, rugi kowe. Apik tenan," semangat banget bocahe.  eh, meh lali, iki bocah lanang lho ya.  "Kuwi pancen poligami sing ideal."

"Ideal? yo cetha ideal no, sijine rak mati, bearti kan ending-endinge wonge tetep monogami to…yo bener, ideal kuwi.."

kethoke bocahe ki ra patio mudeng aku arahe ning endi.  dheweke malah takon maneh, "Nek kowe dhewe piye, setuju ora nek dipoligami?"

aku ngguyu ngekek karo komentar, "La wong koyo ngono mbok takok’ke."  nek nggo aku pitakonan koyo ngono ora usah ditakok’ke.

malah dheweke nyambung meneh, "La nek alasane jelas. Umpama, kowe ora iso nafkahi lair batin, rak mesak’e bojomu, piye jal?"

"Wah, yo ora iso."

"La kok kowe egois men? Kuwi rak alasane jelas lan kuat to?"

"Egois?  La memange wong omah-omah ki urusane mung kuwi thok? Omah-omah ki rak akeh urusan’e."

"Pancen dudu sing utama, tapi kan penting banget."

"Nek aku yo tetep ora iso.  Opo meneh nek arep melu agama, ning agamaku diajari nek wong omah-omah kuwi yo wong lanang siji, wong wedhok siji, ning ngarepe Gusti. wis. titik."

"Walah, nek ono wong lanang sing iso nampa kowe apa anane nganggo prinsip koyo ngono ki yo hebat."

"La yo pancen aku nggolek’e wong lanang sing iso koyo ngono to..ngopo golek wong lanang sing ora iso koyo ngono? mestine rak yo isih ana sing iso…" 

aku ki malah tambah gedhek-gedhek… egois ora gelem dipoligami? weleh…weleh…anggere poliandri yo oleh wae…yo ra popo….hehehehe….. 

fragments of life, points to ponder, English, Basa Jawa, Bahasa IndonesiaFebruary 1, 2008 12:10 pm

kok tiba-tiba aku pengen bicara soal mantan ya…aneh kan?

tapi bukan hal yang pribadi-pribadi kok, hehe….jadi bagi yang merasa mantanku (halah…emoticon), jangan ngerasa gimana-gimana ya…hehe…

sebenarnya apa sih yang membuat sebuah hubungan itu tidak berhasil?  dan apakah ketika hubungan itu sudah ’selesai’, ‘tutup buku’ atau apalah itu judulnya, "selesai" jugakah eksistensi sang ‘mantan’ di dunia masing-masing?

kayaknya aku kepancing sama salah satu postingannya Jeng ini (eh, Jeng, jangan diambil hati ya…ini sama-sama curhat wae acaranya…emoticon) yang berbicara tentang relationship. yang menarik untuk aku adalah bahwa ada satu kalimat yang dikutip dari bibir sang kekasih yang bisa aja menimbulkan salah paham gede-gedean gitu… 

"kalau nanti di sana kamu ga suka, kamu bisa pulang aja…" kira-kira gitu deh statement-nya…

nah, ini bisa jadi positif bisa jadi negatif kan…

kalau orang lagi sensi, pasti interpretasinya, "Halah, ngusir nih?" atau, "Emangnya kamu ga mau pertahankan aku?" Nah lho…hayo ngaku, para cewek…eh cowok juga ding…pasti ada masa-masanya kalimat-kalimat kayak gini jadi litani sehari-hari…

kalau orang sabar dan serba positive thinking, mungkin akan menginterpretasikannya sebagai: "waduh, pengertian banget ya…kok boleh ya aku pulang gitu aja…"

tapi apa yang kupelajari sampai sejauh ini adalah pentingnya suatu pasangan untuk berada pada halaman yang sama….(halah, wagu…kalau diterjemahkan ya… maksudku itu lho, English expression yang bunyinya ‘on the same page’…).  yah, ibarat baca buku, yang satu baru sampai perkenalan tokoh, satunya sudah baca sampai tokohnya pergi ke Cina sesudah India, Thailand, dll.  la kalau tiba-tiba ngobrol, "eh, gila ya…di novel itu Taj Mahal kayaknya keren abis.." ya nggak nyambung lah yaw….

sama juga dengan yang namanya relationship.  kalau satu pihak pikirannya sudah kemana-mana, yang satunya ga sepakat, kan ga jalan…  ada baiknya keduanya ’sepakat’ sebenarnya kita mau ke mana, dan commit dengan itu.  artinya, letakkanlah kepercayaan dan komitmen pada proporsi yang tepat.

kalau misalnya nih…misalnya lho ya… sudah memikirkan untuk menikah.  yang namanya pernikahan itu kan nilainya beda-beda untuk tiap orang. jadi persepsi itupun, harus dibicarakan dulu.

seperti banyak dibilang oleh para selebritis, terutama yang baru jadian atau rumah tangganya belum tidak mengalami gonjang-ganjing…yang penting adalah kepercayaan.  kalau untuk aku sih, tetep bukan kepercayaan buta, tapi kepercayaan yang ada pada porsinya.  tapi minimal banget, kepercayaan bahwa si dia tetap mengusahakan yang terbaik untuk kita berdua, dan bahwa pada dasarnya, maksudnya itu baik.  dan terbukalah tentang apa yang kita rasakan…

misalnya nih..sekali lagi misalnya lho ya…  kalau seseorang yang kita harapkan berkata, "la nek arep mulih yo mulih wae to…"

bisa jadi kita langsung tersinggung, ‘la berarti kita tak bisa dipertahankan lagi’ emoticon atau… ‘wah, dirimu tidak memperjuangkan diriku’…emoticon….meskipun siapa tau bener….hehe…emoticon becanda..becanda…

tapi bisa juga kan kita mengartikannya sebagai…’dia pengertian banget dengan pengorbananku’…emoticon..atau siapa tahu kalimatnya ada buntutnya….’mulih wae, ning aku meluuuuuw’….emoticon

tapi kalau kita percaya bahwa memang tujuannya sama…kenapa harus negative thinking? kalau perlu, tanya aja langsung…

dan kalau berada dalam sebuah hubungan di mana negative thinking meraja, atau, bertanyapun tak bisa….is it really the time to think about marriage at all?  then maybe the relationship has not reached that stage yet.

eh, la kok kayaknya malah ga ada hubungannya sama mantan ya…huehehehe…emoticon…jadi malu…aku malah jadi penasaran, sebenernya kenapa ya aku mbukanya tadi tentang mantan…halah…kalau gitu kucari dulu ah…

pareng….