dolan kaliyan tiyang ngganteng…
Dolan kaliyan tiyang ingkang ‘ngganteng’ punika kinten-kinten sekeca punapa boten, nggih?
Criyosipun mekaten:
Kala dinten Jumat dalu ingkang kepengker, kula dipunajak kaliyan rencang kula dolan dhumateng griyanipun. Kok kebeneran kula ugi boten wonten acara. Sanjangipun, wonten dalemipun wonten "pesta", lan piyambakipun kirang ‘pede’ mekaten menawi clingak-clinguk piyambakan, wah…la radi aneh… hehehehe… Lha wong pesta wonten dalemipun piyambak kok ngagem lingsem. Nanging mbok menawi piyambakipun radi lingsem amargi ingkang nganaaken pesta punika lare ‘alit-alit’…alias mahasiswa undergrad (menawi wonten Indonesia nggih kados S1 mekaten…), lha menawi rencang kula rak sampun mahasiswa master mekaten, dados kuwatos menawi boten sambung obrolanipun.
Lha menawi panjenengan mbatos, "lha berarti kowe mung tumbal," hehehehehe…boten satus persen klentu, nanging boten punapa-punapa, amargi larenipun sae sanget, lan kula ugi penasaran dhumateng griyanipun lan lare-lare undergrad wonten mriki.
Wonten dalemipun nggih biasa kemawon. Pestanipun boten ingkang ‘edan-edanan’ mekaten, boten kados wonten film-film Hollywood ;p (nanging wonten lho, ingkang pestanipun memper kaliyan film-film punika…). Nanging kita ngobrol teras, ngobrolaken werna-werna, saking Indonesia, pacar ;p , kuliah, politik, pemilu amerika, perang….(halah….!!).
Rumaos kula kok sami kemawon kaliyan pesta biasa…
Nanging ingkang benten setunggal. Mak bedunduk ngertos-ngertos wonten tiyang putri, ayu sanget. Ngagem kaos you-can-see werna pink, rambutipun blond, pasuryanipun kencling-cling-cling…. nyelaki rencang kula. Lajeng ‘eye-contact’ kelas berat, lan langsung ‘flirting’…hahahahaha….. Lha kula sajak langsung ‘menguap’ mekaten,
dados transparant sak kal. Ketingal sanget menawi lare punika sajak ketarik marang rencang kula. Lajeng basa-basi, kenalan mekaten, lajeng tanglet-tanglet bab kuliahipun rencang kula. Kadosipun tiyang putri punika radi kaget nalika mireng rencang kula nembe mundut master. Pitakonipun…. "Mmmm…..so…..you are……(very long pause….) older?"
Kula badhe ngguyu kepingkel-pingkel kok boten tegel. Ethok-ethok ngombe kemawon, kok nggih kebeneran boten ngagem keselek, wong sinambi ngampet ngguyu. Bareng larenipun sampun mingser, rencang kula sajak kirang kepenak dhumateng kula. Kula lajeng sanjang kemawon, "Wah, Mas, mesthi bangga ki… ning kene kebak cowok, sing langsung diparani njenengan, je…mesthine njenengan ketok ‘cool’…hehehehe". Dadine malah gojekan dhewe.
Sakwengi punika, tiyang putri punika panci wonten kathah rencang kakungipun, nanging bola-bali kula nangkep lirak-lirik kaliyan rencang kula (she must have hated me so much because he kept talking to me…
). Taksih wonten sepindah punapa kaping kalih piyambakipun sliwar-sliwer lan nyobi omongan kaliyan rencang kula. Walah….walah…..
Tujokna sanes pacar kula… hehehehe. Kendel sanget, lan langsungan mekaten. Boten ngagem basa-basi, kados-kados rencang kula punika piyambakan kemawon….wis jan, cah cilik. La menawi kebeneran rencang kula kaliyan pacaripun lan pacaripun galak….la rak inggih saged perang dunia mekaten…
Repot yo, Mas, dadi wong ngganteng….?
Dedicated to a friend of mine, if you read this article, I bet you know who you are

Rencang-rencang saking Loenpia.net:
2.http://alifurrahman.blogspot.com/2008/10/sumpah-pemuda-masihkah-ada-kini.html
3. http://monstress-idu.com/blog/?p=112
5. http://blog.mizanul.net/2008/10/pantai-glagah/
6. http://okkyokha.wordpress.com/2008/10/27/sejarah-berdirinya-tugu-muda/
7. http://tarsio.blogspot.com/2008/10/lagi-ketagihan-dengerin-toto.html
8. http://tukangecuprus.wordpress.com/2008/10/27/hari-blogger-nasional/
9. http://coretan.novpras.com/2008/10/27/go-blog-or-goblog/
12. http://gilaorganic.blogspot.com/2008/10/well-teman-teman-berhubung-kesepakatan.html
13. http://ikankoi.wordpress.com/2008/10/27/korupsi-tetap-jalan/
14: http://just-drop-by.blogspot.com/2008/10/bloggers-day.html
15. http://blog.haka.web.id/index.php/2008/10/27/postingan-yang-tertunda-dan-papercraft-pertama/
16.http://kleinetheresia.blogsome.com/2008/10/27/dolan-kaliyan-tiyang-ngganteng/
17.http://kleinetheresia.blogsome.com/2008/10/27/my-first-writing-assignment-after-correction/










mbakyu, piye kabare?
we’ve just blogged today! hehe..
Comment by wiwikwae — October 27, 2008 @ 11:10 am
mbak, kulo mboten ngertos!!!!!! *baru bljr bhs jawa*
Comment by didut — October 27, 2008 @ 1:34 pm
halah, Mas Didut kok mboten pirsa basa Jawi…. nggih ngaya wara.
Comment by teresa — October 28, 2008 @ 1:37 am
wah mbak kulo boten ngertos sing panjenengan tulis…. niku ten boso indonesia artinepun nopo???
Comment by h4rs — October 28, 2008 @ 6:55 pm
oalah, jebule dadi wong ngganteng rung mesti penak yo. hihihihi. salam kanggo mas mase kuwi yo jeng.
Comment by sesy — October 31, 2008 @ 7:05 pm
oke deh… aku lagi njajal ben mase kuwi posting basa jawa je, tapi ora ning kene.
tapi ganteng-ganteng ngono kadang dheweke isih ora pede lho…aneh banget. tapi yak’e sing marai cewek2 kepincut ki merga ganteng tapi ‘rendah hati’, hehehehe…..
Comment by teresa — November 3, 2008 @ 1:27 pm
eh, Ses, sing ora penak ki dudu sing ganteng, tapi sing ngancani wong ganteng…huehehehehehehe……
Comment by teresa — November 3, 2008 @ 1:28 pm
wakakakakakakakakakakakakakaka, jebule wong nggantheng ki payu dhisik yo???
Comment by Gembos — November 25, 2008 @ 8:57 pm
salam tetepangan
kula sak rencang ing jogja ingging nggulawenthah blog basa jawi. kawruhjawi.wordpress.com
menawi kersa sumangga pinarak
salam
Comment by mtamim — November 27, 2008 @ 2:58 pm