urip ana negara liya mesthine pancen beda. nanging mesthine nek nganggo internet yo podo bae to, iya ora? apa maneh alamat-alamat e-mail gratisan ki pancen akeh sing asale saka negara liya, dadi yo malah bisa nganggo ‘layanan internet’ ning negara asale.
nanging jebule, akeh pakulinan sing kudu malih ana kene. pancen pakulinane yo mung pakulinan cilik-cilik. contone, mbiyen sing pertama takbukak nek sambung internet yo e-mail. paling-paling niliki blog utawa facebook. saiki saben esuk mbukak komputer, njur apa sing dibukak paling dhisik?
"Prakiraan Cuaca"
lho kok?
sebabe ning Ann Arbor kene hawane cepet banget malihe. apa maneh wis mlebu ‘musim gugur’ kaya saiki. esuk-esuk metu seka omah isih padhang njinggrang, ngerti-ngerti jam rolas udan bres lan angine semribit. kiraku sing paling medeni ki anginne. sakjane hawane durung patio adem, nanging angine…hiiii…. uadem. dadi nek jaketan biasa, mlaku bae ora patio krasa, nanging banjur ngadeg sedhelok ngenteni bis…hiii…lagi krasa ademe. dadi lagi saiki aku mudheng bedane ‘jaket’ karo ‘windbreaker’. nek hawa kaya saiki, sing penting jane dudu angete ning sing penting nek kanginan ora tembus tekan njero (sing jenenge windbreaker ki tipis-tipis kaya rak mbejaji ngono lho bentuke…).
ning yo isa uga, esuk-esuk metu ketoke biasa wae, angin sithik, jebule ngenteni rong jam wis puanas, padahal wis kadung nganggo jaket dobel-dobel. lak repot nek wis ngono, arep diuculi yo repot nggawane 
saiki yen metu saka omah aku dadi sangu jaket fleece utawa sweater karo scarf (nek aku muni ’slendang’ mengko dikiro arep kondangan, nari utawa dodol jamu…
), utawa yen ketoke angine semribit banget, yo nganggo windbreaker sisan. sing cetha, sepaton terus, sandalku wis ora tau metu omah (aku tau bengi-bengi ning ATM karo toko, mung 5 menit mlaku seka omah, nganggo sandal, dilokke karo sing jaga toko, jarene ndak drijiku ora beku, hehehehe).
yo wis ah, aku pamit dhisik. arep njupuk kumbahan sing wis mubeng-mubeng meh sakjam ning njero mesin. waduh, aku isih duwe koin ora ya…
kepareng rumiyin, nggih…
Ann Arbor, September 5, 2008










wakakaka…
asik yo koyone, soko amrik posting nganggo boso jowo
:-D
Comment by wedhouz — October 5, 2008 @ 11:34 pm
sing jenenge windbreaker ki tipis-tipis kaya rak mbejaji ngono lho bentuke >> rak mbejaji tapi kan akeh gunane. yo po iyo?
Comment by sesy — October 6, 2008 @ 11:25 am
kagem Mas Wedhouz, la elek-elek ngene ning kene mulange basa Jawa je, malah dadi luwih kerep ngomong Jawa tinimbang pas ning Indonesia (la iya, wong ning Aceh mosok arep ngomong Jawa….hehehehehe)
Comment by teresa — October 6, 2008 @ 9:19 pm
wakakakkaka…pekok..!!!
ke LN malah posting boso jowo..kekkee….
sumpah..lucu…..
Comment by escoret — October 8, 2008 @ 5:51 pm
melu ngguyu wae ahh……
Comment by gembos — October 9, 2008 @ 7:42 pm
Pramila menika bu, panjenengan kedah ngasto kidung adi dados saged sembahyang ngagem basa jawi nyuwun jawah utawa benter nanging basa jawi salju napa ngih………
Comment by Bolloth — October 21, 2008 @ 11:09 am
wew nang amrik gawe boso jowo keren tanan…..
Comment by k1n6k0n9 — October 21, 2008 @ 12:48 pm