jeng…jeng, ngersaaken gemak goreng napa puyuh goreng?
ing sakwijining dina, aku karo kancaku mlaku-mlaku ning Salatiga.
ana kompleks pertokoan sing diarani "Malioboro Mini", hehehehe. sak jane lucu, wong aku wis suwi manggon ning Jogja, ning kethoke yo ora mirip. sebabe diarani Malioboro Mini ki amarga nek bengi emperan tokone digawe lesehan, dodolan ronde, jagung bakar, sega goreng, karo lawuh-lawuhan ngono. salah sijine, ana gelaran sing masang spanduk "Gemak Goreng".
la, kancaku kuwi banjur takon aku, "Eh, gemak ki sing kaya apa to? Ndak kaya dara?" Aku banjur mangsuli, "Dudu. Kuwi rada luwih gede timbangane dara, ning yo cilik-cilik ngono nek ditanding karo pitik." 
wis rampung mlaku-mlaku, jebule kancaku kuwi isih penasaran. banjur arep tuku. yo wis, sisan dienggo mangan bengi, tuku telung iji. bareng tekan omah, langsung dibukak terus diserbu, la wong pancen wis luwe…
banjur aku takon kancaku, "Wis ngerti sing jenenge gemak, saiki?"
wangsulane,"He eh, ning kok mirip karo puyuh yo gedene?"
langsung aku karo bapakku ngguyu kemekelen…. "O alah Jeng, gemak ki yo puyuh kuwi…. mosok pas cilikan kowe ora tau mangan endog gemak? La kuwi endog cilik-cilik kuwi lho, endog puyuh…"
Gemak…oh gemak……..
*gemak tanpa screen shot adalah hoax, maka nikmatilah gemak mekingking ala Salatiga….*
tapi amarga wong Semarang ki panganane ngeri-ngeri, yo wajar yen ora mudeng ‘gemak’ ki apa… bayangke, mosok menungsa kok mangan "BADAK", hehehehehehehehehe…..
Hi....I am Die Kleinetheresia. It has nothing to do with I am being small or something...just an alternative interpretation of the origin of my christian name. I am an Indonesian girl who is trying to experience living in different places of Indonesia, enjoying the culture and experience.







