kabeh-kabeh ngomongke “Ayat-Ayat Cincha”…eh, kliru….”Ayat-Ayat Cinta”…
wah, saiki kabeh-kabeh ngomongke "Ayat-Ayat Cinta"…. seko milist, blog, nganti bandara…
lho…la kok?
sak jane aku pancen penasaran karo film-e. seko iklan sing ning endi-endi ning TV, rak kethok wonge do mlaku-mlaku ning padang pasir, jarene le syuting ning India barang, wah mestine apik ki. ning pancen luwih seko kuwi aku ora penasaran, soale arep po nonton ping selikur buntet, aku yo ora bakalan mudeng karo critane, wong aku ki ora mudeng sing jenenge poligami.
eh, la kok ngerti-ngerti aku malah ditakoni karo konco kantor. ndilalahe kepethuk ning bandara Jakarta wingi sore, pas arep mangkat ning BA. mbuh saka ngendi, kok ngerti-ngerti dheweke takon, "Wis nonton AAC?"
"Durung," wangsulanku.
"Wah, rugi kowe. Apik tenan," semangat banget bocahe. eh, meh lali, iki bocah lanang lho ya. "Kuwi pancen poligami sing ideal."
"Ideal? yo cetha ideal no, sijine rak mati, bearti kan ending-endinge wonge tetep monogami to…yo bener, ideal kuwi.."
kethoke bocahe ki ra patio mudeng aku arahe ning endi. dheweke malah takon maneh, "Nek kowe dhewe piye, setuju ora nek dipoligami?"
aku ngguyu ngekek karo komentar, "La wong koyo ngono mbok takok’ke." nek nggo aku pitakonan koyo ngono ora usah ditakok’ke.
malah dheweke nyambung meneh, "La nek alasane jelas. Umpama, kowe ora iso nafkahi lair batin, rak mesak’e bojomu, piye jal?"
"Wah, yo ora iso."
"La kok kowe egois men? Kuwi rak alasane jelas lan kuat to?"
"Egois? La memange wong omah-omah ki urusane mung kuwi thok? Omah-omah ki rak akeh urusan’e."
"Pancen dudu sing utama, tapi kan penting banget."
"Nek aku yo tetep ora iso. Opo meneh nek arep melu agama, ning agamaku diajari nek wong omah-omah kuwi yo wong lanang siji, wong wedhok siji, ning ngarepe Gusti. wis. titik."
"Walah, nek ono wong lanang sing iso nampa kowe apa anane nganggo prinsip koyo ngono ki yo hebat."
"La yo pancen aku nggolek’e wong lanang sing iso koyo ngono to..ngopo golek wong lanang sing ora iso koyo ngono? mestine rak yo isih ana sing iso…"
aku ki malah tambah gedhek-gedhek… egois ora gelem dipoligami? weleh…weleh…anggere poliandri yo oleh wae…yo ra popo….hehehehe…..










film aac Bagus juga meskipun novelnya kental akan ekspresi narsisme dan egomaniacal dari penulisnya yang dikemas dalam eksibisme kesalehan dan kealiman. Menurut gua cerita di novel aac merupakan dakwah islami sekaligus keinginan bawah sadar dari penulisnya untuk dipuja-puja. digila-gilai , dipuja2kaum wanita. Sebuah obsesi yang tidak mencapai kenyataan, akhirnya diproyeksikan dalam bentuk novel. Mungkin penulisnya pengen banget jadi nabi Yusuf. Dipenjara, difitnah, jago ngaji,ganteng, sholeh, alim dan dikejar-kejar cewe-cewe. Mantaaap hehehe
Comment by zabogar alexis — March 25, 2008 @ 10:46 am
Setuju, nek poliandri di-olehne ning Indon, aku melu ndukung, tapi sing cetha poligami kudu dilarang dhisik, piye jal? Tapi nek poliandri oleh tenan, opo awakmu arep melu2? Hidup poliandri, basi poligami !
Comment by gembos — March 25, 2008 @ 3:00 pm
aku ming iso ngekek thok mbak. asli ngekek buanter
Comment by sesy — March 26, 2008 @ 5:33 pm
Hehehe… Aku setuju sama zabogar alexis. Beneran, komentar pertamaku pas baca AAC adalah, “iiiihhhh… sing nulis narsis banget, sok payu!”
Garis besarnya adalah, aku ora setuju poligami! Apapun bentuk dan alasannya, ora ono kuwi, sing jenenge poligami ideal.
Comment by asri — July 13, 2008 @ 10:43 pm
@ zabogar alexis + Asri: wah, kalau aku sendiri belum tertarik baca novelnya. tadinya pengen juga nonton filmnya, tapi kok ya belum sempat2, hehehehe.
@ Gembos: poliandri? hm…. mengko nek wis legal baru takpikir pertanyaanmu, ok?
@ Sesy: :p
Comment by teresa — August 2, 2008 @ 6:44 pm