wah, saiki kabeh-kabeh ngomongke "Ayat-Ayat Cinta"…. seko milist, blog, nganti bandara…
lho…la kok?
sak jane aku pancen penasaran karo film-e. seko iklan sing ning endi-endi ning TV, rak kethok wonge do mlaku-mlaku ning padang pasir, jarene le syuting ning India barang, wah mestine apik ki. ning pancen luwih seko kuwi aku ora penasaran, soale arep po nonton ping selikur buntet, aku yo ora bakalan mudeng karo critane, wong aku ki ora mudeng sing jenenge poligami.
eh, la kok ngerti-ngerti aku malah ditakoni karo konco kantor. ndilalahe kepethuk ning bandara Jakarta wingi sore, pas arep mangkat ning BA. mbuh saka ngendi, kok ngerti-ngerti dheweke takon, "Wis nonton AAC?"
"Durung," wangsulanku.
"Wah, rugi kowe. Apik tenan," semangat banget bocahe. eh, meh lali, iki bocah lanang lho ya. "Kuwi pancen poligami sing ideal."
"Ideal? yo cetha ideal no, sijine rak mati, bearti kan ending-endinge wonge tetep monogami to…yo bener, ideal kuwi.."
kethoke bocahe ki ra patio mudeng aku arahe ning endi. dheweke malah takon maneh, "Nek kowe dhewe piye, setuju ora nek dipoligami?"
aku ngguyu ngekek karo komentar, "La wong koyo ngono mbok takok’ke." nek nggo aku pitakonan koyo ngono ora usah ditakok’ke.
malah dheweke nyambung meneh, "La nek alasane jelas. Umpama, kowe ora iso nafkahi lair batin, rak mesak’e bojomu, piye jal?"
"Wah, yo ora iso."
"La kok kowe egois men? Kuwi rak alasane jelas lan kuat to?"
"Egois? La memange wong omah-omah ki urusane mung kuwi thok? Omah-omah ki rak akeh urusan’e."
"Pancen dudu sing utama, tapi kan penting banget."
"Nek aku yo tetep ora iso. Opo meneh nek arep melu agama, ning agamaku diajari nek wong omah-omah kuwi yo wong lanang siji, wong wedhok siji, ning ngarepe Gusti. wis. titik."
"Walah, nek ono wong lanang sing iso nampa kowe apa anane nganggo prinsip koyo ngono ki yo hebat."
"La yo pancen aku nggolek’e wong lanang sing iso koyo ngono to..ngopo golek wong lanang sing ora iso koyo ngono? mestine rak yo isih ana sing iso…"
aku ki malah tambah gedhek-gedhek… egois ora gelem dipoligami? weleh…weleh…anggere poliandri yo oleh wae…yo ra popo….hehehehe…..